0


Assalamu’alaikum wr. wb.
Poro asung bela sungkawa ingkang minulyo
Muazziyin muazziyat ingkang tansah kulo mulya aken.
Khususipun dumateng keluarga lan ahli waris ingkang nandang duhpito ingkang kula tresnani
Keparenga kulo matur minongko sulih sariro saking sedoyo muazziyin muzziyat wonten mriki kulo nyuwun lilo lan ikhlasipun
Monggo kita sareng-sareng muji lan ngabekti dumateng Allah ingkang Moho Kuwaos ingkang sampun paring kalodangan dumateng kulo panjenengan sami ingkang mahanani kita sedoyo saged paring pakhurmatan ingkang pungkasan dumateng almarhum/almarhumah ….
Sholawat ugi salam katetepno dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW murakabi dumateng sedoyo keluarga lan shahabatipun, mekaten ugi dumateng sedoyo penderekipun kalebet kulo lan panjenengan sami ingkang kita wantu-wantu shafa’atipun benjang dinten kiamat, amin.
Sampun kita mangertosi bilih almarhum/almarhumah … sampun kondur wonten ngarsanipun Allah SWT, lan sedoyo warga RW 13 Kelurahan Kadipaten kampung Rotowijayan kraos kecalan satunggalipun wargo pilihan inggih almarhum/almarhumah … ingkang naliko gesangipun kathah paring pambiantu dumateng tinggo tepalih, lan sregep anggenipun ngibadah shalat jama’ah wonten masjid, sampun saget gulo wentah putro wayah sahingga sedoyo saged mentas sinau lan makaryo kanthi sae lan dados lare ingkang shalih lan shalihah (diutarakan kebaikan atau keistimewaan yang baik dari almarhum/almarhumah). Milo saking meniko sedoyo asung belo sungkowo ngaturaken raos belo sungkowo tandes wonten ing manah, kanthi panjurung dongo mugi-mugi almarhum/almarhumah … katampi kanthi sae wonten ngarsanipun Allah SWT kanthi khusnul khotimah, dipun tampi amal kesaenanipun lan dipun apunten soho dipun lebur dosa kalepatanipun lan amanggihi karahayon-karaharjan sak lami-laminipun wonten jannatunna’im amin allahumma amin. Soho sedoyo keluarga lan putro wayah ingkang tinilar dipun paringi teteg tetep iman lan Islamipun, sahinggo sedoyo keluargo lan putro wayah ingkang tinilar saged enggal-enggal ngayahi pakaryan kados bendintenipun senaoso nandang duhpito. Kulo pribadi anggenipun matur temtu wonten kekiranganipun mugi-mugi para muazziyin muazziyat paring samudra pangaksomo. Billahittaufiq wal hidayah Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


Post a Comment

 
Top