ARTIKEL BAHASA JAWA
LIDAH BAYA

Di Susun Dening :
Ryzki Kurniawan
Kelas :
XI TKJ 2
SMK NEGERI 1 BAWANG
KEC.BAWANG
KAB.BANJARNEGARA
TAUN AJARAN
2012/2013
Masyarakat padha nenandur lidah
buaya umume kanggo pasren utawa rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung
akeh kang migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung
dianggo kramas.Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene penulis
bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis dadi trend masyarakat
modern bali marang alam,antara liya kanthi migunakakae tanaman minangka obat
klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara maju kayata
Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake
kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis
akeh kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang
paling jembar yaiku Kalinantan Barat (Pontianak ),saengga kawentar minagka
kutha Lidah Buaya.
Adhedasar panaliten, godhong lidah
buaya bisa dipigunakake minangka anti i inflamasi utawa peradangan, anti jamur,
anti bakteri, lan regenerasi sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni khasiat
ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes. , ngontrol
tekanan getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta
dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga
mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan
persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya nyegah rontoking rambut lan
nambani tatu. Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen
golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga
bisa.
Olehe migunakakae bisa wujud bahan
seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman
kesehatan. Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku
tatu memar lan muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba
sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi
gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja
lambung,gangguan panggonan usus liyane.

Bageyan kang duweni khasiat obat
utamane yaiku cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat
utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu regenerasi
sel. Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake
kanggo obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan
zat liyane kang kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi
tumrap kasarasan.
A. Carane
ngramu
Ø Kanggo
ngatasi wasir mundhuta godhong lidah buaya separo,1/2 cangkir banyu
mateng lan 2 sendok madu. Eri lidah buaya dibuwang. Godhong kang wis ora ana
erine kasebut dikumbah resik lan diparut. Sawise iku disoki banyu mateng
kasebut lan madu, dicampur lan diudak rata ,banjur disaring. Olehe ngombe
ramuan iki sedina kaping telu.
Ø Kanggo
nambani watuk rejan mundhuta 20 gram lidah buaya lan 40 cc madu. Sawise
dikumbah resik lan diilangi erine,gel lodah buaya dicampur karo madu. Olehe
ngombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore.sawise mangan.
Ø Kanggo
ngudunake kolestrol bahane 30 gram lidah buaya dan 3 iji who mengkudu utawa pace kang wisa
mateng. Carane gawe : lidah buaya dionceki lan dijus bebarengan karo pace
,banjur diwenehi banyu sakcukupe lan digodhog nganggo banyu sakcukupe nganti
umob. Sawise iku diombe rikala anget sedina kaping pindho,esuk lan sore.
Ø Tamba diabetes
Mundhuta lidah buaya sapelepah lan banyu 3 gelas. Nulli dikumbah
resik.Dibuwang erinine,banjur diris-iris lan digodgog nganggo banyu 3
gelas,banjur didadekake 1½ gelas. Olehe ngombe sedina ping telu a ½ gelas.
Ø Tamba eksim: Bahan : 5
gram lidah buaya ,100 gram temulawak’ 20 gram godhong pegagan, 5 gram laos.14
gram kencur. 10 gram godhong sembung legi, 10 gram godhong meniran’ 10 gram
godhong kates.24 gram widoro upas, 20 gram kayu manis lan 20 gram sangkobak.
Kabeh bahan didheplok alus lan ditambah banyu 400 ml,banjur disaring. Asil
saringan kasebut banjur diombe langsung ping pindho sedina ,esuk lan sore.
Ø
Tamba asma : 300 gram lidah buaya
dikumbah resik,diparut,diperes banjur disaring. Asil saringane diombe sedina
kaping pindho ,esuk lan sore. Kanggo tamb watuk bocah migunakake gel lidah
buaya (dikumbah dhisik ),diombe esul lan sore,saben sakombenan 1 sendok teh.
B.
Warna-warna penyajian
Saliyane ngunjuk utawa dhahar kanthi
cara kang wis disebut ing dhuwur, yaiku migunakake langsung bahan seger ,wektu
iki uga akeh kang mroduksi kanthi cara liya supaya awet tanpa ngurangi kasiate.
Wektu iki uga ana sing mbudidaya digawe cendhol dhawet. Menawa panjenengan
kerep mriksani pameran utawa bursa tanaman obat ing Ngayogyakarta mesthi
mergoki ana kios dhawet lidah buaya. Ana weteng rasane kepenak banget,bisa
ngurangi rasa sebah panggonan weteng.. Kepriye carane gawe ? Gampang kok.
Mundhuta 1 kg lidah buaya,dikumbah resik,banjur dipundhut bageyan njero kang
ngandhut lender. Sawise iku potongan lidah buaya kasebut diwenehi uyah nuli
diaduk-aduk saengga ilang lendire. Sawise iku banjur dikumbah nganggo banyu
resik nganti ambal kaping pindho utawa ping telu nganti resik. Irisan kang wis
resik mau banjur digodhog nganggo banyu lan godhong pandhan nganti mateng utawa
umob. Kangge gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung banyu 250 cc banyu
lan digodhog nganti umob,semono uga santene digawe pisah..
Olehe
nyawisake ,potongan lidah buaya dicemplungake ing gelas lan ditambahake sirup
gula jawa lan santen.
Cara liyane yaiku digawe selai .
Bahan : Daging lidah buaya. ; 500 gram gula pasir kanggo 1 kg. Daging lidah
buaya,; asam askorbat o,1 % utawa 1 gram per liter banyu; natrium benzoate o,5
% utawa 5 gram per kg daging lidah buaya. ‘ 3 gram ager-ager bubuk utawa ½
bungkus. Carane nggawe : Lidah buaya kang wis resik banjur dikum sajrone
larutan asam askorbat sajrone 15 menit, banjur ditirisake lan diremuk nganggo
blender. Lidah buaya kang wis remuk iki banjur dipanasi kanthi nambahake gula
pasir,asam sitrat lan ager-ager. Olehe manasake nganti umob kanthi diaduk-aduk
,sawise iku diwenehi bahan pengawet benzoate. Sawise dadi gel,olehe manasi
diendhegake lan busa kang ana dhuwur dibuang. Selai wis dadi lan siap dikemas
nganggo botol.
Ana maneh kang diolah kanthi srana
digawe teh Carane nggawe : Kulit godhong lidah buaya dikumbah resik lan
ditirisake,dipotong cilik-cilik utawa dirajang kaya godhong tehbanjur dipepe
sing panas utawa dioven. Sawise dikeringake ,teh lidah buaya siap dikonsumsi
kaya dene teh tubruk utawa teh biasa. Uga bisa digawe bubuk,banjur dikemas
sajrone kanthong kertas kayadene teh celup.
Dodol : Bahan : 1 kg daging daun lidah
buaya; 700 gram tepung ketan’ 400 gram tepung beras;2 kg gula pasir’ 2 liter
santen; 0,1 % asam askorbat ( 1 gram kanggo 1 liter banyu utawa 0,1 gram kanggo
100 ml banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo godhong suji );
ager-ager sakcukupe. Carane nggawe : santen lan gula dimasak nganti kenthel.
Tepung ketan lan beras dicampurake ing larutan gula. Lidah buaya dicemplungake,
banjur diudak nganti ora lengket ing wajan. Sawise iku diwenehi ager-ager lan
pewarna lan dodol siap dikemas. Dodol lidah buaya iki mujudake panganan khas
Pontianak.
Kanggo omben-omben bisa digawe sirup
lidah buaya lan serbat. Bahan kang diperlokake kanggo nggawe sari lidah
buaya yaiku : godhong lidah buaya kang dijupuk daginge. Pilih sing during
tuwa kanthi cirri : werna ijo, bintik-bintik putih, perangan pinggir erine
empuk lan pucet. Daging lidah buaya dicampur nganggo banyu kanthi perbandingan
: daging lidah buaya : banyu 1 : 4, saumpama daging lidah buaya 100 gram
banyune 400 ml. Sabanjure daging lidah buaya lan banyu diblender nganti remuk
Sabanjure disaring nganggo kain saringan utawa saringan plastic Lebokna ing
cairan lidah buaya kasebut gula 10 – 15 %,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah
0,025-0,1%,esen lan pewarna sakcukupe. Sabanjure dimasak sajrone suhu 85-90
derajat Celcius nganti 20-25 menit. Sajrone kahanan panas ,dilebokake ing
botol-botol kang wis disterilake (digodhog sajrone banyu nganti 1-2 jam )
kanthi nyisakake ruangan 1,5 –2,5 cm saka ndhuwur tutrup botol. Botol-botol
kang wis isi kasebut 10 – 15 menit, banjur ditutup rapet lan kareben adhem ing
suhu ruangan..Panggonan botol diwenehi etiket lan minuman sari lidah buaya bisa
dipasarake Dene serbat lidah buaya, carane nggawe : mundhuta 10 iji
godhong lidah buaya,banyu 500 cc, 1 sendok makan kapur sirih kang dilarutake
ing banyu 1.500.cc,150 gram gula pasir, 4 iji cengkeh, 3-5 cm kayu manis. Lidah
buaya dionceki lan dijupuk bageyan kang bening,banjur diiris cilik-cilik wujud
dadu utawa kubus. Sawise iku potongan lidah buaya dicemplungake ing larutan
kapur sirih sajrone 30 menit. Sawise 39 menit ditirisake lan disiram nganggo
banyu umob sakcukupe,nuli dikumbah nganti resik. Kanggo nggawe sirupe
,migunakake banyu,gula,kayu manis lan cengkeh kang digodhong nganti umob.
Sawise umob potongan lidah buaya dicemplunge ing godhogan sirup kasebut lan
banjur diangkat lan siap diombe sawise adhem. Uga bisa ditambahake es batu
utawa es serut.
C. Peluang
bisnis
Peluang bisnis lidah buaya wektu iki
cukup gedhe.Apa maneh ing Indoensia wis akeh kang mroduksi obat,kosmetikalan
minuman kesehatan nganggo bahan lidah buaya. Ing tataran donya bisnis lidah
buaya nilai penjualan lidah buaya 60 milyar dollar/tahun.. Emane ing Indonesia
budidaya lidah buaya during intensif kejaba ing Kalimantan barat. Kita asring
mrangguli isih akeh lemah kang nganggur during bisa dipigunakake. Mula para
petani uga perlu uga mikirake budi daya tanaman lidah buaya. Ikii. Wondene
teknogi tepat guna uga wis ana kaya kang dhak aturtake ing dhuwur. Ing kalangan
kelompok tani wanita uga perlu nggarap tanaman iki. Nyatane ing tanah Jawa uga
bisa thukul gedhe-gedhe. Mesthine migunakake bibit unggul saka Kalimantan barat
Apa maneh lidah buaya uga tahan ing tanah kang kering. , Ing daerah perkotaan
bisa migunakae pot kang gedhe. Coba,menawa saben omah padha nandur lidah buaya
limang pot, menawa sak RT 40 omah ,bisa ngasilake 200 pot lidah buaya. Ibu- ibu
PKK bisa ngolah arupa cendhol,teh,sirup lidah buaya,dodol lsp. ,saengga nambah
nilai ekonomis tanduran iki. . Dinas Pertanian Kabupaten utawa Kota perlu
nyurung wargane budidaya lidah buaya iki. Apa maneh tanaman lidah buaya gampang
lan relative ora mbutuhake investasi kang dhuwur. Bab iki disebabake tanduran
iki mujudake tanaman tahunan kang bisa dipanen bola bali kanthi masa produksi
7-8 tahun.

Post a Comment
Post a Comment