I.
Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi
menehi tanda ( X )
1. Nuwun, sanggyaning para sesepuh saha pinisepuh
ingkang tuhu kinekbeten, sumawana para rawuh kakung saha putri ingkang dahat
kinurmatan. Langkung rumiyin sumangga kulo lan panjenengan sami ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti
ingkang sampun maringaken kanikmatan saha kasarasan lan kawilujengan.......
Pethikan sesorah ing nduwur iku kalebu perangane.…
a.
Panutup d. Purwaka
b.
Pangarep-arep e. Surasa
c.
Dudutan
2. Njlentrehake idhe, gagasan, utawa pokok
pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang dipocapake marang wong akeh. Iku
pangerten saka ...
a.
Wawancara d. Geguritan
b.
Pacelathon e. Nyindhen
c.
Sesorah
3. Peranganing sesorah sing isine atur
panuwun maring para rawuh lan njaluk pangapura menawa anggone nampa rawuhe utawa anggone matur tetembungane kurang mranani, iku diarani ...
a.
Panutup
/wasana d. Purwaka
b.
Pangarep-arep e. Surasa
c.
Dudutan
4. Sesorah nang acara kampanye pemilihan Bupati, kepala Desa, apadene pemilihan ketua OSIS iku nduweni ancas kanggo ...
a.
Menehi
informasi d. Ngajak-ajak
b.
Menehi
pangerten e. Menehi kasenengan
c.
Menehi
panglipur
5. Manawa arep sesorah iku kudu digatekna
urut-urutane supaya apik. Ing ngisor iki urut-urutane sesorah kang bener ...
a.
Salam
pambuka, surasa, dudutan, pangarep-arep, panutup, salam panutup, purwaka
b.
Purwaka,
salam pambuka, dudutan, pangarep-arep, surasa, panutup, salam panutup
c.
Salam
pambuka, purwaka, surasa, dudutan, pangarep-arep, panutup, salam panutup
d.
Purwaka,
surasa, dudutan, pangarep-arep, panutup, salam panutup, salam pambuka
e.
Salam
pambuka, purwaka, dudutan, surasa, pangarep-arep, panutup, salam panutup
6.
Sikepe
tangan nalikane sesorah manut kabudayan Jawa kang trep yaiku ...
a.
Tangane
methentheng d. Tangane ngapurancang
b.
Tangane
sikep istirahat e. Tangane sidakep
c.
Tangane
sakepenake
7. Sumangga para kadhang taruna mudha, panjenengan lan kula kedah ......
Basa Jawi supados mboten kabenem basa manca, lan tetep lestantun.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara
ing nduwur yaiku ...
a.
Nguri-nguri d. Ngandhani
b.
Ngadi-ngadi e. Ngabekteni
c.
Ngugemi
Gatekna pachelathon ana ngisor iki !
Rudi :
“ Kula nuwun, sugeng ndalu
mbah! “
Mbah Kakung : “O, kowe to le. Kok njanur
gunung, kadingaren bengi-bengi dolan mrene, sajak
ana perlu ya ? “
Rudi : “Inggih Mbah.Kula wau di dhawuhi pak
guru supados damel karangan babagan tata krama. Sejatosipun tegesipun menapa lan jlentrehanipun kados pundi to Mbah?”
Mbah
Kakung : “O..,ngono to le.
Coba saiki bukumu bukaken. Simbah tak crita kowe nyatheta ya.”
Rudi : “Wah, ngih matur nuwun, Mbah. Kula badhe
mirengaken saha nytheti. Mangga Mbah kula aturi paring pangadikan
Mbah
Kakung :”Sing diarani tata krama kuwi, saka
tembung tata lan krama. Tata tegese ngatur utawa Nata . dene krama yakuwe basa dadi tata krama tegese nata basa.
Rudi : “O, ngaten nggih mbah. Kulo sampun mudheng lah lajeng
jlentrehanipun utawi tuladhanipun
kados pundi mbah?”
Mbah
Kakung : “Tata krama iku kaperang utawa
dumadi saka patang prakara wigati, yaiku unda usuk, unggah-ungguh, empan-papan, lan sopan santun.
8.
Basa apa
kang dienggo Rudi marang Mbah kakung
sajroning nindakake wawancara iku mau ...
a.
Basa
krama inggil d. Basa ngoko alus
b.
Basa
ngoko e. Basa krama alus
c.
Basa
kedhaton
9.
Apa
kang dirembug ana ing wawancara antarane Rudi karo mbah kakung?.
a.
Babagan
ora nduwe sangu d. Babagan buku tulis
b.
Babagan
tata krama e. Babagan cerita wayang
c.
Babagan
malem mingguan
10.
Tata
krama manut wawancara ing nduwur kuwi kaperang dadi apa wae ...
a.
Undah-usuk,
unggah-ungguh, papan-papan, lan sopan santun
b.
Unggah-ungguh,
empan-empan, sopan santun, lan nata basa
c.
Undah-usuk,
munggah-munggah, empan-empan, lan sopan santun
d.
Undah-usuk,
unggah-ungguh, empan-empan, lan tata krama
e.
Undah-usuk,
unggah-ungguh, empan-papan, lan sopan santun
11.
Manawa
arep nglakokna wawancara karo wong kang luwih tuwa kudu nggatekna tata krama.
Tembung tata krama saka tembung tata lan krama kang nduweni teges ...
a.
Nata
basa d. Natani ageman
b.
Nata
buku e. Nata rema
c.
Natani
panggonan
12.
Sri tinon langgening pamyat
Busana
maneka warna
Renggeng
kencana retna
Gendera
layur kumitir
Sinrang
panderesing maruta
Mantyan
kumlebeting dwaja
Syuh
brastha kayu kapapral
Puspita
anjrah ing siti
Ron
sumawur katiyup ing angin
Kulila
ambyar sumebar
Apa temane geguritan ana ing nduwur?
a.
Pengeten
dinten kamardikan d. Kembang setaman
b.
Pengetan
ambal warso e. Ing tengah wengi
c.
Parogo
busana
13.
Sing
ora kalebu paugerane geguritan gagrak lawas, yaiku ....
a.
Cacahipun
gatra boten ajeg, nanging
limrahipun wonten sekawan gatra
b.
Cacah
wandanipun gatra satunggal lan satunggale tetep sami
c.
Dhong
dhing utawa guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasanipun gatra
d.
Kawiwitan nganggo tembung “sun gegurit’
e.
Saben
sagatra diarani sapada pala
14.
Syair
enem gatra sapadan aran gita ....
a.
Trigatra d. Caturgatra
b.
Sadgatra e. Hastagatra
c.
Saptagatra
15.
Ngadharna sawijining teks utawa karangan kanthi
wujud sing bedha supaya bisa dingerti
isine. Pratelan nang dhuwur diarani…
a.
Prosa d. Fragmen
b.
Parafrase e. Puisi jawa
c.
Puisi bebas
16.
Lemah
Abang
Dening : Puthu Aryana
......
Ora
rakyat ora pangageng
Kabeh
ruangsa nglakoni bebener
Bener
kanggo karep atimu dhewek
Senajan
nyebar kasengsaran maring liyane
Lemah
abang tanah perdikan
Kari
bumi cengkar nyebar kanisthan
Kapethik
saka Panjebar Semangat No. 24-13 Juni 2010
Apa isi geguritan nang dhuwur?
a.
Rakyat
karo pangageng padha rukun tentrem
b.
Lemah
abang ing tanah perdikan
c.
Rakyat
mbelani pangagenge
d.
Rakyat
karo pangageng kabeh padha ngrusak
alam
e.
Pangageng
ing tanah perdikan
17. Sedaya tetembunganipun krama, semanten ugi
ater-ater lan panambanganipun,tetembungane krama kecampur krama inggil lan nggunakake krama inggil tumrap wong kang diajak
guneman. Iku tetengere ...
a.
Basa
ngoko d. Basa kedhaton
b.
Basa
madya e. Basa Krama alus
c.
Basa
ngoko alus
18.
Sing ora kalebu panganggone basa krama alus yaiku...
a.
Kanggo guneman karo sapadha-padha
b.
Kanggo guneman karo wong tuwa
c.
Andhahane
marang bendarane
d.
Murid marang gurune
e.
Marang wong sing drajate luwih dhuwur sanajan
umure luwih enom
19.
Sinten
jenenge
Bupati Banjarnegara ingkang samenika Mbah?
Tembung kang dicetak miring ana nduwur iku
kurang pas, kudune diganti dadi ...
a.
Nami d. Asmane
b.
Namine e. Asmanipun
c.
Paraban
20.
Ukara
ing ngisor iki endi kang kelebu ukara tandhuk ...
a.
Adhiku
lagi nggambar gunung d. Rangkumane wis kotulis apa ndurung
b.
Latare
disapu Ani e. Bukune dak gawakna aku wae
c.
Klambine
dikrikiti coro
21. Ukara kang wasesane entuk ater-ater tri
purusa utawa kang jejere dikenani pakaryan lesan, lan padatan wasesane nganggo tembung
kriya kang diwenehi ater-ater dak, ko, di, utawa seselan in iku tetengere ukara ...
a.
Ukara
tandhuk d. Ukara pamenging
b.
Ukara
tanggap e. Ukara Camboran
c.
Ukara
pakon
22.
Ukara
ing ngisor iki kang kagolong ukara pamenging yaiku ...
a.
Jupukna
bukuku ing meja kuwi d. Nek lagi ulangan aja padha gegojegan
bae
b.
Aku
mau diparingi sangu Rp 10,000,- e. Ayo padha nguri-uri Basa Jawa
c.
Wingi
sore kowe saka ngendi?
23.
Ukara
kang mratelake marang wong liya nindakake pakaryan salaras karo pangakone lan
dheweke ugo melu nindakake diarani ...
a.
Ukara
pangajak d. Ukara prajanji
b.
Ukara
pakon e. Ukara sambawa
c.
Ukara
pamenging
24.
Ukara
nang ngisor iki kalebu
ukara camboran gandheng renteng
kejaba ...
a.
Aku
sinau basa jawa lan Rama sinau matematika
b.
Budi
maca Ancas,rudy maca majalah penjebar semangat
c.
Ani
nyapu latar lan wati ngepel umah
d.
Kowe
bakal lulus saka SMK, manawa kowe sregep sinau lan latihan
e.
Ibu
masak ana ndhapur, lan bapak
nguras blumbang
25. Nadyan putranipun priyantun luhur, Hasan
mboten ugungan. Tembung kang kacetak miring nduweni teges ...
a.
Seneng
digendhong d. Seneng weweh
b.
Seneng
aweh bungah e. Seneng dienyek
c.
Senang
dialem
26. Nyuwarakake simbul-simbul basa kang awujud
aksara, kang dironce dadi tembung, lajeng tembung dironce dadi ukara. Sing kaya
mengkono diarani ...
a.
Maca
teknik/ maca nyuwara d. Maca endah/ maca estetik
b.
Maca
batin e. Maca pemahaman
c.
Maca
cepet
27.
Awatake
galak, nantang, nesu, lan muntab.iku kalebu watake tembang ...
a.
Durma d. Sinom
b.
Maskumambang e. Gambuh
c.
Pucung
28.
Sekar .... ping catur
Kang
cinatur polah kang kalantur
Tanpa
tutur katulatula katali
Kadaluwarsa
katutuh
Kapatuh
pan dadi awon
Tembung
apa sing pas anggo nggenepi ceceg-ceceg nang dhuwur ?
a.
Maskumambang d. Durma
b.
Gambuh e. Pangkur
c.
Sinom
29.
Paugerane
tembang pangkur yakuwi ...
a.
8a,
11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i d. 8a, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i
b.
8a,
11i, 8u, 7a, 12i, 8a, 8i e. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8i, 8a
c.
8a,
11a, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
30.
Ing ngisor
iki gunane tembang-tembang macapat, kejaba ...
a.
Kanggo
mbawani utawa nggerongi gendhing
b.
Kanggo
ngarang kapustakan Jawi
c.
Kanggo
ngundang lelembut
d.
Kanggo
lagu-lagu kethoprakan lan wayang wong
e.
Kanggo
parikan lan dagelan
STRESS
Rasa
cemas, was-was utawane kuwatir iku sipate universal. Tegese, sapa wae (taneman,
kewan lan manungsa) bisa mengalami stress. Rasa cemas lan was-was iku bisa
madeg minangka motivator panguripan. Nanging kosokbaline cemas lan was-was iku
uga bisa madeg minangka agressor manungsa.
Stres lan cemas iku ana rong warna yaiku Eustress lan Diestres. Sing sepisan Eustres
yaiku stres sing becik lan bisa nyurung aktivitas kang migunani. Contone yen
ngadhepi Ujian Nasional, para siswa akeh kang was-was stress kawatir lamun ora
lulus Ujian Nasional. Sebab iku, banjur sregep anggone sinau. Kapindho, Diestres
yaiku cemas kang ora apik lan bisa mbebayani marang kesehatan jiwa lan raga.
(Dening Dra.
Psi Mierrina : Jawa Pos edisi Rebo, 26 Mei 2005 kaca :21)
31.
Stres
sing becik lan bisa nyurung aktivitas kang migunani, diarani ...
a.
Distres d. Stressing
b.
Eustres e. Hiperactif
c.
Stretcing
32.
Paragraf
sing ukara bakune utawa kalimat utamane mapan ana ngarep diarani ...
a.
Paragraf
dedukti d. Paragraf adaptif
b.
Paragraf
induktif e. Paragraf induktif-deduktif
c.
Paragraf
campuran
33. (1) Pak Suwignya duwe anak telu padha
pinter-pinter kabeh. (2) Anak sing mbarep jenenge Lebda juara I Olimpiade
matematika internasional. (3) Anak nomer loro jenenge Wasis ulih bea siswa
prestasi, mergane dheweke lulusan paling apik SMK sekabupaten Banjarnegara, lan
sing ragil jenenge Waskita. (4) Kawit SD tekan SMP ranking siji terus. (5)
Mulane akeh wong tuwa kepengin kaya pak Suwignya.
Ukara utama paragraf nang ndhuwur
ditudhuhake nganggo nomer ....
a.
(1) d. (4)
b.
(2) e. (5)
c.
(3)
Yuli
gemiyen sekolah nang SMK jurusan Akuntansi, mulane saiki wis bisa ngode nang
Bank swasta Nasional, Bayu uga mengkono mbiyen sekolahe njupuk jurusan Otomotif
mbarang wis lulus langsung nyambut gawe nang bengkel Mobil. Terus Tania anake
mbekayu Rakem siki malah wis
bisa ngedekna konveksi
mergane mbiyen sekolahe
njupuk jurusan Tata Busana. Pancen bocah-bocah sing sekolah nang SMK akeh-akehe
padha dadi wong sukses.
34.
Wacan nang nduwur kuwi kalebu paragraf ...
a.
Paragraf
dedukti d. Paragraf adaptif
b.
Paragraf
induktif e. Paragraf induktif-deduktif
c.
Paragraf
campuran
35. : “Wah, nggih matur nuwun Mbah. Kula badhe mirengaken saha nyatheti. Mangga Mbah kula aturi paring pangadikan. Tembung
kang dicetak miring nduwe teges ...
a.
Aweh
pendidikan d. Aweh wejangan
b.
Aweh
arto e. Aweh dhaharan
c.
Aweh
pitakonan
36.
Adeg-adeg
( ? ) ana ing tulisan aksara Jawa kanggo ...
a.
Kanggo
tetenger menawi ukara sampun rampung
b.
Kangge
misah gatra utawi tembung
c.
Kangge
miwiti ukara
d.
Kangge
ngeleti angka kaliyan tembung, carita kaliyan katerangan
e.
Kangge
panutuping carita utawi serat-serat resmi
37.
Ukara
ing ngisor iku yen diwaca ...
?wnitai=jmnSkM=[k.
a.
Wanita
nang jaman siki d. Wanita ing jaman sakmangke
b.
Wanita
ing jaman sakmanika e. Wanita ing jaman edan
c.
Wanita
ing jaman modern
38.
Kitirane
mubeng lelet pisan.
Yen ditulis nganggo aksara Jawa kang bener
yaiku ...
a.
?kitir[nNmube=leXtPisn\ . d. kitir[nNmibe=XXtPisn\
b.
?kitir[nNmube=leletPisn\. e. kitir[nNmube=XXtPisn\
c.
?kitir[nNmube=XletPisn\.
- ?ajini=…… sklqi.
ceceg ceceg ukara ing nduwur iku supaya dadi
ukara kang mathuk
a.
slir d. p]iy
b.
diri e. wnit
c.
[wo=
- adhiku lagi tuku jambu 5 kilo
ukara nang nduwur yen ditulis
nganggo aksara jawa yaiku ...
a.
?adikutukujmBu;4;ki[lo.
b.
?adikutukujmBu;3;ki[lo.
c.
?adikutukujmBu;5;ki[lo.
d.
?adiikutukujmBu;8;ki[lo.
e.
?adikutukujmBu;3;ki[lo.
II. Wangsulana pitakon-pitakon nang ngisor iki !
41. Gawekna surasane sesorah kanthi tema dinten
kamardikan!
42. Apa bedhane geguritan gagrak lawas lan gagrak anyar?
43. Apa kang diarani guru lagu, guru wilangan,
lan guru gatra?
44. Gawekna pacelathon kanthi unggah-ungguh kang pas, sing isine njaluk dhuwit marang wong tuwa kanggo mbayar seragam
olahraga.
45. “Ngakune wong Jawa, nanging ora bisa
nulis jawa, apa maning maca aksara jawa”
Tulisen ukara nang nduwur nganggo aksara jawa sing bener!
aaa sugeng makaryo aaa
Post a Comment
Post a Comment