Wawanrembug
Kula :
“Assalamu’alaikum...?”
Bu Tutik :
wa’alaikumsalam mas ryzki. Dengaren mrene, ana kaperluan napa?”
Kula :
““Kula badhe nyuwun
wekdal kangge wawancara njangkepi tugas piwulangan Basa Jawa. Saged nggih, Pak?
Bu Tutik :
“Oh, ya mboten napa-napa.”
Kula :
“Kula nyuwun pangapunten amargi sampun ndalu kula malahan nganggu.
Bapak niku kagungan usaha
ternak napa lan kados pundi mula bukanipun ngingah ternak menika?”
Bu Tutik :
“Wekdal menika kula usaha ternak ayam potong ( broiler ) saking tahun
1990 kalih atus ekor, sakmenika tigang doso gangsal ewu ekor.
Mula bukanipun, kula
niti priksa bilih kabutahan daging ayam warga masyarakat saben tahunipun saya
mindhak, awit saking menika kula nggadahi krentek nyobi ternak ayam broiler
saking sekedik, lan Alhamdulillah ngantos wekdal menika saget ngrembaka lan
lumampah kanthi lancar. “
Kula :
“Kangge ngawekani lan nyegah penyakitipun, kados pundi bab tedanipun lan
obat-obatanipun?”
Bu Tutik :
“Pangopenipun dipun paringaken kandang piyambak, kandang menika kedah
dipun resiki pendak dintenipun lan dipun semprot ngagem desinfektan supados
kandang wau steril.
Masalah pakan, kedah dipun titi priksa lan
dipun paring nutrisi ingkang sae.
Babagan oabt-obatan
kedah rutin, obat saha tedanipun mundut saking pabrik.”
Kula :
“Pikantuk pembinaan saking pundi?”
Bu Tutik :
“Pembinaan sampun mlampah kanthi sae, saking Dinas Peternakan lan
Perikanan Kab. banjarnegara.”
Kula :
“Ngingah ternak menapa kemawon ingkang saget dipun pendet hasilipun?”
Bu Tutik :
“Ingkang saget dipun pendet hasilipun
: dagingipun kagem peningkatan gizi keluarga, limbahipun (kotoran ayam)
inggih saget kagem pupuk organik.”
Kula : “Pemsaranipun dateng pundi ?
Lan hasil ternak menika sisa hasilipun kados pundi ?”
Bu Tutik :
“Pemasaranipun kajaba dateng pasar, ayam kala wau dipun puruki pembeli
saking daerah-daerah sekitar Kabupaten banjar.
Hasilipun Alhamdulillah
saget nyekapi kebutuhan kaluarga.”
Kula :
“Menapa wonten kendala ? Kados pundi ingkang ngawekani ?”
Bu Tutik :
“Biasanipun bilih mangsa ketiga kenging penyakit ngorok utawi pilek,
kagem ngawekani dipun paring obat. “
Kula :
“Menapa mupangatipun dateng kaluarga lan taggi tepalih?”
Bu Tutik :
“Dateng kaluarga antawisipun saget ningkataken perekonomian keluarga.
Dateng tetanggi para
tetanggi saget sinau kados pundi caranipun ngingah utawi usaha ayam broiler,
sak menika para tetanggi katah ingkang ngingah ayam broiler.”
Kula :
“Rancangan menapa ingkang badhe dipun tindakaken supados ternak
panjenengan saya majeng malih ?”
Bu Tutik :
“Nambah ternak ingkang sampun wonten, dipun tambah ngingah ayam petelur.
Menapa malih menika sae lan permintaan samsoyo katah.”
Kula :
“Matur suwun sanget nggih Pak amargi angsal mewawancarai bapak.”
Bu Tutik :
“O ya, menawa kagungan perlu mrene maneh wae ya Mas!”
Kula :
“Inggih Pak. Wassalamu’alaikum”
Post a Comment
Post a Comment