Assalamu’alaikum
wr. wb.
Poro asung bela
sungkawa ingkang minulyo
Muazziyin
muazziyat ingkang tansah kulo mulya aken.
Khususipun
dumateng keluarga lan ahli waris ingkang nandang duhpito ingkang kula tresnani
Keparenga kulo
matur minongko sulih sariro saking sedoyo muazziyin muzziyat wonten mriki kulo
nyuwun lilo lan ikhlasipun
Monggo kita
sareng-sareng muji lan ngabekti dumateng Allah ingkang Moho Kuwaos ingkang
sampun paring kalodangan dumateng kulo panjenengan sami ingkang mahanani kita
sedoyo saged paring pakhurmatan ingkang pungkasan dumateng almarhum/almarhumah
….
Sholawat ugi salam
katetepno dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW murakabi dumateng
sedoyo keluarga lan shahabatipun, mekaten ugi dumateng sedoyo penderekipun
kalebet kulo lan panjenengan sami ingkang kita wantu-wantu shafa’atipun benjang
dinten kiamat, amin.
Sampun kita
mangertosi bilih almarhum/almarhumah … sampun kondur wonten ngarsanipun Allah
SWT, lan sedoyo warga RW 13 Kelurahan Kadipaten kampung Rotowijayan kraos
kecalan satunggalipun wargo pilihan inggih almarhum/almarhumah … ingkang naliko
gesangipun kathah paring pambiantu dumateng tinggo tepalih, lan sregep
anggenipun ngibadah shalat jama’ah wonten masjid, sampun saget gulo wentah
putro wayah sahingga sedoyo saged mentas sinau lan makaryo kanthi sae lan dados
lare ingkang shalih lan shalihah (diutarakan kebaikan atau keistimewaan yang
baik dari almarhum/almarhumah). Milo saking meniko sedoyo asung belo sungkowo
ngaturaken raos belo sungkowo tandes wonten ing manah, kanthi panjurung dongo
mugi-mugi almarhum/almarhumah … katampi kanthi sae wonten ngarsanipun Allah SWT
kanthi khusnul khotimah, dipun tampi amal kesaenanipun lan dipun apunten soho
dipun lebur dosa kalepatanipun lan amanggihi karahayon-karaharjan sak
lami-laminipun wonten jannatunna’im amin allahumma amin. Soho sedoyo keluarga
lan putro wayah ingkang tinilar dipun paringi teteg tetep iman lan Islamipun,
sahinggo sedoyo keluargo lan putro wayah ingkang tinilar saged enggal-enggal
ngayahi pakaryan kados bendintenipun senaoso nandang duhpito. Kulo pribadi
anggenipun matur temtu wonten kekiranganipun mugi-mugi para muazziyin muazziyat
paring samudra pangaksomo. Billahittaufiq wal hidayah Wassalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakatuh.
Post a Comment
Post a Comment